30+ Contoh Soal UTS Bahasa Jawa SMA Kelas 12 Semester 1 Lengkap Kunci Jawabannya

Apabila anda mencari contoh soal UTS bahasa jawa SMA kelas 12 semester 1, maka anda tepat berada di artikel ini dimana anda bisa menyimak contoh lengkap dengan kunci jawabannya.

Seperti yang kita ketahui bersama bahasa jawa merupakan salah satu mata pelajaran yang diujikan pada saat ujian tengah semester atau UTS khususnya sekolah SMA yang berada di wilayah pulau Jawa untuk memperkenalkan kepada siswa bahasa Jawa untuk tetap dilestarikan nantinya dimasa depan.Hal ini penting sebab bahasa Jawa sendiri adalah bahasa asli Indonesia yang harus selalu dijaga dan dilestarikan oleh generasi penerus.

Jika anda bersiap untuk menghadapi ujian UTS bahasa jawa maka anda harus mempersiapkan diri anda sebaik-baiknya sehingga anda bisa mendapatkan nilai yang tinggi seperti yang anda harapkan.

Sebagai bahan anda belajar anda dirumah, maka anda bisa menyimak contoh soal UTS bahasa jawa SMA kelas 12 semester 1 yang bisa anda simak sebagai berikut.

Soal UTS Bahasa Jawa SMA Kelas 12 Semester 1 Lengkap Dengan Kunci Jawabannya

Contoh Soal UTS Bahasa Jawa SMA Kelas 12 Semester 1

Soal UTS Bahasa Jawa SMA Kelas 12 Semester 1 Nomor 1 – 10

Soal Nomor 1

Miturutmu unggah-ungguh basa iku duwe teges yaiku…

a. undhag-undhage basa kang ngandhut tata karma

b. undhag-undhage basa kang ora ngandhut tata karma

c. undhag-undhage basa isyarat kang ngandhut tata karma

d. undhag-undhage basa lisan kang ngandhut tata karma

e. undhag-undhage basa tulis ngandhut tata krama

Kunci Jawaban: a

Soal Nomor 2

Ing ngisor iki kang dudu perangan saka unggah-ungguh basa yaiku…..

a. Ngoko lugu

b. Krama lugu

c. Ngoko Alus

d. Krama Alus

e. Krama madya

Kunci Jawaban: e

Soal Nomor 3

Apa wae kang dadi titikane basa ngoko alus…

a. basa ngoko kang tembunge basa rinengga

b. basa ngoko kang kacampuran ragam basa krama alus

c. basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa krama alus

d. basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa ngko

e. basa ngoko kang tembunge dienggo saben dina

Kunci Jawaban: a

Soal Nomor 4

Basa ngoko kang ora ketambahan tembung krama inggil nalika digunakane cecaturan diaTantri…

a. ngoko alus

b. krama lugu

c. krama alus

d. krama inggil

e. ngoko lugu

Kunci Jawaban: e

Soal Nomor 5

Umume basa kang digunakake nalika cecaturan klawan wong sing sadrajat nanging durung sepira raket yaiku…

a. ngoko alus

b. ngoko lugu

c. krama lugu

d. krama inggil

c. krama alus

Kunci Jawaban: c

Soal Nomor 6

Dhik, kowe apa sida dolan menyang Yogyakarta? Tataran basa kang digunakake ukara ing ngarep yaiku…

a. krama

b. krama alus

c. ngoko

d. madya lugu

e. ngoko alus

Kunci Jawaban: c

Soal Nomor 7

Bapak taksih…kula mboten wantun nggigah. Ganepe ukara kasebut kang trep yaiku…

a. turu

b. bobok

c. tilem

d. merem

e. sare

Kunci Jawaban: e

Soal Nomor 8

Aku wis …..yen ora bisa melu menyang Surabaya. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku…

a. matur

d. ngendika

c. ngomong

d. dhawuh

e. ngucap

Kunci Jawaban: c

Soal Nomor 9

Ukara ing ngisor iki mujudake tuladha unggah-unggihing basa kang luput, kajaba……

a. Putranipun Bu Putri dipuntampi wonten UM

b. Eyang sakit weteng sampun tigang dinten

c. Kula dhahar sekul goreng

d. Rasukan kula sampun kathah ingkang risak

e. Adhik nedha sekul berkat

Kunci Jawaban: a

Soal Nomor 10

Menawa cecaturan klawan tiyang sanes ingkang langkung sepuh ingkang kirang pengalaman, kedah…

a. ngremehake

b. ngetokake kapinterane

c. nganggep bodho

d. tetep andhap asor

e. pamer kabisane

Kunci Jawaban: d

Soal UTS Bahasa Jawa SMA Kelas 12 Semester 1 Nomor 11 – 20

Soal Nomor 11

Eyang dhahar sekul pecel. Adhiku melu-melu…roti. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing ngarep yaiku

a. nguntal

b. ngeglak

c. nedhi

d. mangan

e. dhahar

Kunci Jawaban: d

Soal Nomor 12

Perangan kang ora kudu digatekake rikala nulis teks pacelathon (drama) salah sijine yaiku…

a. nemtokake latar wektu lan papan panggonan carita

b. nggawe salah siji tema kang bakal digawe drama

c. nemtokake paraga lan wewatakane paraga kasebut

d. nggawe alur carita, adegan, lan pacelathon saka paraga

e. nulis ubarampe kang bakal digawe

Kunci Jawaban: e

Soal Nomor 13

Adhiku durung gelem mlebu sekolah. Ukara ing ngarep yen diowahi dadi krama alus unine dadi…

a. Rayi kula durung purun mlebet sekolah

b. Adhiku dereng gelem mlebet sekolah.

c. Rayi kula durung gelem mlebu sekolah

d. Adhi kula dereng gelem mlebet sekolah

e. Rayi kula dereng kersa mlebet sekolah

Kunci Jawaban: e

Soal nomor 14

Miturutmu cerkak mujudake sawijining karangan cekak kang wujude….

a. serat

b. tembang

c. geguritan

d. gancaran

e. tembang

Kunci Jawaban: d
Soal Nomor 15

Ing ngisor iki kang mujudake titikan saka cerkak yaiku…

a. critane sakeplasan, isine padhet, basane endah

b. critane ora dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dingerteni

c. critane dawa, isine padhet, basane gampang dingerteni

d. critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basane gampang dingerteni

e. critane dawa, isine cekak aos, basane mentes

Kunci Jawaban: D

Soal Nomor 16

Unsur-unsur ing ngisor iki mujudake unsur intrinsik kang bisa ditemokake sajroning karya sastra kang wujud cerkak, kajaba….

a. tema

b. latar

c. kondisi sosial

d. penokohan

e. plot

Kunci Jawaban: c

Soal Nomor 17

Pesen utawa gagasan kang pengin disampekake sawijining pangripta sajrone tumrap para pamaos cerkak yaiku…

a. amanat

b. alur

c. tema

d. latar.

e. paraga

Kunci Jawaban: a

Soal Nomor 18

Unsur kang ana duwe sambung rapet klawan swasana, wektu, lan lingkungan sosial ing cerkak diaTantri…

a. alur

b. tema

c. latar

d. amanat

e. paraga

Kunci Jawaban c

Soal Nomor 19

Wacanen teks ing ngisor iki kanthi trep!
Calon saka Ibu
Dening : Zuly Kristanto

“Wis disekolahke dhuwur-dhuwur lan wis cekel gawe kok nyenengake wong tuwa wae ora gelem ta, le…le,” ucape Bu Nardi ing sawijining sore.

“Nyengake tiyang sepuh pripun ta, bu? Kula sampun kuliyah ing jurusan ingkang ibu kajengaken lan kula ugi nyambut damel kados ingkang ibu kajengaken. Kirang kula wonten pundi, bu?” takone Agus.

“Ibu pengin nggendhong putu, le. Ibu-ibu sing saumuran klawan ibu padha wis nggendhong putu kabeh. Kowe jan-jane pengin rabi apa ora ta?”

“Nggih pengin, bu. Ning babagan dhaup menika rak kedah wonten gandhengane. Kula piyambak ngantos sepriki dereng kepanggih kaliyan ingkang cocog, kok.”

“Mula ta mula, goleka. Yen kowe ora golek sapa sing bakal ngeteri? Mosok golek calon mantune ibu siji wae ora bisa. Golek brita sedina lima wae bisa mosok golek calon bojo siji wae ora bisa?”

“Brita kaliyan calon bojo lak benten, bu?”

“Alah, ngomonga wae ora gelem. Hla loro-lorone padha goleke gek ya padha-padha barang nyata. Golekane rak ya luwih kepenak timbangane golek bangsa-bangsa gaib kaya sing kerep kok tulis ing koranmu kuwi?”

Yen wis mangkene bisa Agus mung meneng. Dheweke ora bisa mbantah apa sing dikarepake ibune. Sejatine Agus dhewe uga kepengin nyenengake ibune.

Dheweke kepengin ngulati ibune bisa kaya ibu-ibu liyane sing saben esuk tansah momong putune. Nanging kepriye maneh, aja maneh menehi putu, nggolekake calon mantu kanggo ibune wae tekan seprene Agus isih durung bisa.

Sawise dilaTantri dening adhi tingkate jaman isih kuliyah biyen. Ana rasa trauma kang dialami dening Agus saben-saben arep nyambung rasa klawan wanita sing disenengi.

Ya, rasa sing kaya mangkene iki kang nyebabake Agus katrem ing kahanan sing jarene bocah nom-noman saiki njomblo.

Kanca-kanca lan para sedulure sejatine ora kendhat anggene aweh panjurung supaya Agus golek pacar utawa calon bojo.

Nanging saben kelingan kepriye larane ati nalika diapusi dening wanita sing ditresnani, pepinginan kanggo nyambung rasa mau sabisa-bisane dipenggak.

Kanggo ngilangi rasa sepi ing ati Agus nyambut gawe dadi wartawan. Kanthi pakaryane saiki Agus bisa lunga tekan ngendi-ngendi.

Lan kahanan sing kaya mangkene iki sing bisa mbuwang rasa sepi ing atine Agus. Sawise lulus kuliyah lan cekel gawe dhewe. Agus nduweni pakulinan anyar. Dheweke seneng ngoleksi buku.

Manut cerkak ing ndhuwur pakaryane paraga Agus, yaiku…

a. dokter

b. wartawan

c. guru

d. dosen

e. bakul buku

Kunci Jawaban: b

Soal Nomor 20

Ing ngisor iki kang dadi alesan tumrape Agus durung omah-omah miturut wacan ing dhuwur yaiku….

a. isih ngrasa lara ati merga diapusi wanita kang ditresnani

b. ora seneng karo wong wedok

c. wedi ora bisa gawe bahagia sisihane

d. durung digolekake ibune

e. durung dikongkon ibune rabi

Kunci Jawaban: a
Soal UTS Bahasa Jawa SMA Kelas 12 Semester 1 Nomor 21 – 30

Soal Nomor 21

Miturut wacan ing dhuwur tugase paraga utama sajroning nindakake pakaryane yaiku….

a. golek crita babagan gaib

b. koleksi buku

c. golek nasabah

d. ngliput pawarta kriminal

e. ngliput papan wisata

Kunci Jawaban: a

Soal Nomor 22

Ing wacan sing kok waca kuwi, saiki Agus duwe pakulinan anyar yaiku….

a. ngoleksi buku

b. dodolan buku

c. dolan-dolan

d. ngliput pawarta kriminal

e. ngliput papan wisata

Kunci Jawaban: a

Soal Nomor 23

Sumilir angin wengi kang tumurun saka puthuk-puthuk gumuk nyalawadi nggembol rasa atis kang tansaya ndadekake sepiku tansaya ndadi. Tembung atis ing ukara kasebut tegese…

a. wedi

b. sumuk

c. sedhih

d. sumedhot

e. adhem

Kunci Jawaban: e

Samungkure nemtokake tema, kang kudu ditindakake pangripta nalika miwiti nulis cerkak yaiku…

a. nemtokake pilihan tembung

b. nemtokake pamawas

c. nemtokake alur crita

d. pilihan paraga

e. nemtokake amanat

Kunci Jawaban: b

Soal Nomor 24

Rin, wingi aku krungu ibumu gerah apa bener?“ takone Tantri marang Ririn. Yen diowahi dadi ukara crita sing trep yaiku…

a. Tantri takon marang Ririn menawa ibune gerah

b. Tantri takon marang Ririn kapan ibune gerah

c. Tantri takon marang Ririn ngenani bener apa ora yen ibune gerah

d. Tantri takon marang Ririn yen ngerti ibune gerah

e. Tantri takon marang Ririn menawa apa ibune ora gerah

Kunci Jawaban: c
Soal Nomor 25

Perangan pungkasan kang kudu ditindakake nalika nulis cerkak yaiku…

a. nemtokake paraga lan watak paraga

b. nemtokake pamawas

c. nemtokake alur crita

d. pilihan tembung

e. nliti sepisan maneh isine tulisan

Kunci Jawaban: e

Soal Nomor 26

Karya sastra kang tinulis kanthi migunakake basa Jawa kang wujude saemper puisi ing basa Indonesia bisa diarani….

a. geguritan

b. kidung

c. tembang

d. babad

e. kakawin

Kunci Jawaban: a

Soal Nomor 27

Ing ngisor iki kang klebu titikan kang diduweni geguritan yaiku…

a. kasusun saka sampiran lan isi

b. kaiket guru lagu lan guru swara

c. kaiket klawan guru gatra

d. bebas

e. ukarane nganggo basa rinengga

Kunci Jawaban: d

Soal Nomor 28

Pelopor geguritan sajroning sastra Jawa modern kang tinulis nganggo basa Jawa yaiku….

a. R. Intoyo

b. Ranggawarsita

c. Sultan Agung

d. Padmasusastra

e. Raden Patah

Kunci Jawaban: a

Soal Nomor 29

Gathekna pethikan geguritan ing ngisor iki….

Senajan mung sagebyaring thathit

Pengin daksawang eseman pait madu

Kang nate kok paringake

Sadurunge langit sore kelangan cahyane

Tegese sagebyaring thatit ing dhuwur yaiku….

a. sedhela

b. suwe banget

c. sethithik

d. endah

e. lali

Kunci Jawaban: a

Soal Nomor 30

Tegese tembung pait madu ing pethikan geguritan ing dhuwur yaiku

a. kapang

b. endah

c. palsu

d. sepa

e. manis banget

Kunci Jawaban: e

Demikian contoh soal UTS Bahasa Jawa Kelas 12 SMA Semester 1 lengkap dengan jawabannya. Semoga berguna dan bermanfaat bagi anda untuk mempersiapkan diri anda sebaik mungkin untuk agar anda benar-benar siap menjawab pertanyaan saat ujian dengan benar nantinya.

Leave a Comment